Minggu, 05 Februari 2012

Cerita Wayang Bahasa Jawa

Kakawin Ramayana
Prabu Dasarata saking Negari Ngayodya kagungan putra sekawan, inggih punika Rama, Bathara, Laksmana, saha Satrughna. Satunggaling dinten wonten resi anami Wiswamitra ingkang nyuwun tulung Sri Paduka Dasarata mbebasaken pratapanipun saking para raksesa. Lajeng Rama saha Laksmana tindak.
Ing pratapan punika, Rama kaliyan Laksmana mejahi sedaya raksesa lajeng tumuju Negari Mithila amargi wonten mriku pinuju wonten sayembara kanthi janji sok sintena ingkang mimpang saged nyunting putri raja anami Dewi Shinta. Lajeng para paserta dipunaken ngrentangaken gandhewa panah ingkang nyertani wiyosanipun sang Shinta. Boten wonten ingkang saged kajawi Rama, lajeng kakalihipun krama lan salajengipun wangsul dhateng Ngayodya.
Ing Ngayodya, Rama bakal dipunangkat dados ratu amargi piyambakipun putra pambajeng. Ananging Kaikeyi, salah satunggaling garwa Prabu Dasarata ingkang sanes Ibu Rama ngendika menawi Sri Paduka nate ngendika bilih Barata ingkang bakal dados raja. Senadyan kanthi awrat ing penggalih, Raja Dasarata nulusaken panyuwunipun awit pancen nate janji mekaten. Lajeng Rama, Shinta kaliyan Laksmana tindak nilar kedhaton. Sasampun pinten wanci, Prabu Dasarata seda lajeng Barata madosi. Piyambakipun rumaos boten pantes dados raja lajeng nuwun supados Rama kersa wangsul. Ananging, Rama nampik lajeng nyukani sandhalipun dhumateng Barata kados lambang kakuwasanipun.
Lajeng Rama, Shinta, saha Laksmana wonten Alas Dandaka. Ing mriku, wonten raksesa anami Surpanakha ingkang kasengsem remen kaliyan Laksmana lajeng mindha dados wanodya ayu. Ananging, Laksmana boten saged dipunrayu, malahan wusananipun pucuk irungipun keiris. Surpanakha duka lajeng wadul kaliyan kangmasipun sang Rahwana. Piyambakipun saged mbujuki saha ngaken Rahwana supados nyulik Shinta.
Lajeng sang Rahwana ndhawuhi Marica, satunggaling raksesa kangge nyulik Shinta. Marica pados upaya mindha dados kidang emas ingkang endah. Shinta katarik lajeng nyuwun garwanipun supados mbedhog kidang punika. Rama nilar Shinta kalih Laksmana, tindak piyambak ngoyak si Kidang Emas. Si Kidang Emas gesit sanget, boten saged dipuntangkep. Wusananipun, Sri Rama anyel lajeng dipunpanah. Si Kidang Emas njerit kesakiten lan ewah malih dados raksesa, lajeng pejah. Shinta ingkang wonten tebih nginten ingkang njerit punika Rama lajeng ngaken Laksmana madosi. Laksmana boten purun nanging wusananipun purun sasampunipun dipunlehaken kaliyan dipuntedhah Shinta ajeng ngepek piyambakipun. Wusananipun Shinta dipuntilar piyambakan lajeng saged dipunculik Rahwana.
Jaritanipun sang Shinta kapireng dening peksi sang Jatayu ingkang nate dados rencangipun Prabu Dasarata, lajeng upados nulungi Shinta. Ananging Rahwana langkung kiyat, saged ngalahaken sang Jatayu. Jatayu ingkang sekarat tasih saged nyuani lapuran dhumateng Rama saha Laksmana menawi Shinta dipunbekta dhateng Alengka ing kedhaton sang Rahwana.
Lajeng Rama saha Laksmana tindak dhumateng kedhatonipun Rahwana. Ing satunggaling tlatah manggihi para wanara saha ratunipun ingkang anami Bali. Bali punika nyulik semah kangmasipun. Wusananipun Bali saged dipunpejahi lajeng semahipun dipunwangsulaken dhumateng Sugriwa. Sugriwa sumedya nulungi sang Rama. Wusananipun mawi wadyabala wanara kalih senapatinipun Anoman, satunggaling wanara pethak , sedaya saged mejahi Rahwana kaliyan mbebasaken Shinta. Shinta saged dipunboyong wangsul dhateng Ngayodya lajeng sang Rama dados raja.

Cerita Wayang Bahasa Jawa: Prabu Maesasura Urip Maneh Manawa Dilumpati Jathasura

Jathasura iku raksesa kang wewujudane kaya bantheng lan duwe rambut ing gulune. Jathasura mapan ing Guwa Kiskendha lan dadi tunggangan kapracayane Prabu Maesasura., ratu Nagara Guwa Kiskendha.
Jathasura dhewe kapetung sedulur tunggal guru karo ratune, mula dadi sajiwa karo dheweke. Manawa Prabu Maesasura mati, banjur dilumpati Jathasura, bisa bali urip maneh. Semana uga kosok waline, saengga angel tenan diperjaya amarga Prabu Maesasura lan Jathasura matinu kudu dipateni bebarengan.
Nalika Suralaya digebug dening Prabu Maesasura, para bathara ngutus Sugriwa lan Subali supaya bisa merjaya Maesasura. Subali kang was nemokake cara kanggo mateni Maesasura banjur mara ing Guwa Kiskendha lan nitip pesen marang Sugriwa, manawa mengko ana getih kang mili lan warnane abang lan putih tegese Subali wis mati sampyuh karo mungsuhe ing njero Guwa.
Subali banjur mlebu Guwa Kiskendha lan perang lawan mungsuh cacah loro yakuwi Maesasura lan Jathasura. Wusanane dheweke bisa nemokake cara kanggo merjaya mungsuh cacah loro mau, yaiku kanthi cara dikumba lan diadu sirahe, dijeblesake siji marang sijine saengga mungsuh cacah loro iku padha mati bebarengan kanthi sirah pecah.
Nalika Maesasura lan Jathasura mati, saka njero Guwa mili warna abang campur  putih. Warna putih iku sajane warna isi otake Maesasura lan Jathasura. Nanging, Sugriwa ngirane Subali wis mati sampyuh karo Maesasura. Sugriwa banjur nutup lawang Guwa iku kanggo watu gedhe, kaya dene pesene Subali nalika arep ngleboni Guwa, banjur lunga saka papaniku lan lapuran marang Bathara Indra ngenani pangurbanane kakange mau. 
(kapethik saka: Jagad Jawa, Solopos, 7 Oktober 2010)